Diundang Makhluk Gaib (Alam Lelembut)
JejakMisteri - Kedadéyan iki dilakoni karo kangmasku dhéwé wektu ing taun 60 an.
Tak sebut waé jenengé Mas Sukri putrané pakdhéku sing asmané Pakdhé Kasan tegesé kangmasé bapakku sing nèng desaku klebu wong sing Alim seneng tetulung marang sapa waé sing mbutuhaké.
Sawijining dina wektu soré pakdhéku sekalian lagi pinarak ana pendhapa cilik ngiras ngunjuk wédang kopi karemané durung suwé anggoné jejagongan ndadak ana tamu ngaturaké uleman utawa undhangan yèn arep duwé gawé…
Ora kacarita sawisé nampa undhangan nganti teka wektuné nekani undhangan mau.
Sarèhné pakdhéku wis sepuh mula ngajak kangmasku Mas Sukri supaya mboncèngaké nitih sepédha onthèl sing jaman iku ora saben uwong duwé…
Bubar maghrib mlaku ngarah kulon nrabas wengi sing sepi nurut dalan tanah air alias makadham nganti tekan pinggir alas Désa Girireja lan sepédhané kepeksa dituntun awit dalan sing rusak lan nanjak.
Mas Sukri bingung dhéwé nanging ora wani pitakon marang pakdhéku kejaba mung ngetut mburi mlaku lon-lonan.
Nèng kono Mas sukri saya bingung awit alas sing biyasané peteng tur sepi banget bengi kuwi kok kétok ramé akèh wong-wong sing padha nonton tontonan nèng panggonané sing duwé gawé.
Miturut penyawangé kok ana Désa sing ramé kamangka selawasé Mas Sukri mlaku-mlaku dolan tekan papan kono durung tau weruh Désa kono kuwi.
Sadurungé kuwi pakdhéku wis pesen marang Mas Sukri yèn weruh kedadéyan apa waé ora perlu alok lan mangan suguhan sing disuguhaké..
Sarèhné Mas sukri wedi karo pakdhéku mula mung nyendikani dhawuhé pakdhéku.
Anèh manèh wong-wong sing teka nèng kono padha gedhé dhuwur lanang wadon kira-kira luwih saka telung meter, senajan kahanané ora béda karo kahanan nèng désané.
Tekan panggonan sing dituju pakdhéku disambut sing duwé gawé kanthi seneng terus jagongan nèng panggonan sing dianggep kinurmat wektu iku..
Tontonan pagelaran wayang kulit wis wiwit talu ngurmati para tamu kang lagi rawuh…
Mas sukri mung meneng lungguh sacedhaké pakdhéku karo tolah-tolèh nyawang kang lagi nonton utawa dayoh liyané sing rata-rata gedhé dhuwur.
Mas Sukri mbatin…
"Apa iki mlebu nèng alam Gaib… ?
"Bener tholé iki alam alus sing sesandingan karo Alam nyata,...".
Wangsulané Pak Satya sing kagungan dalem, gawé kagèt Mas Sukri déné swara batiné bisa kawaca déning sing duwé omah…
Saya bengi wong-wong sing teka tansaya ramé nanging anèh ora ana swarané wong caturan kejaba mung manthuk-manthuk, gèdhèg, utawa tangané tudang-tuding kaya lumrahé Wong omong-omongan.
Bareng wis dianggep cukup pakdhéku ngajak bali mulih…
Sawisé njupuk sepédhané mlaku ngungkuri Mas Sukri nolèh mak tratab…
Wewujudan padésan sing dhèk mau ramé saiki ilang musna saka penyawangé, bali dadi alas gledhegan sing sepi…
Sing rinungu mung swarané kéwan bengi lan hawa adhem njekut kaya nembus balung sungsum…
Tekan ngomah Mas Sukri nyoba miterang marang Pakdhéku.
"Pak,.. Kula nyuwun priksa kedadosan kala wau kados pundi… ?
"Ngéné tholé,...
Pak Satya kuwi pancèn bangsané jin, sing dhèk semana naté tak tulungi, saéngga nganti saiki aku dianggep sedulur, lan sering tilik kaya déné manungsa lumrah,....
Mula kaya sing sering mbok weruhi terkadhang bapak senajan katoné lungguh dhéwé kaya jagongan karo wong sing ora katon,...".
Mengkono wangsulané pakdhéku, sing kabèh mau dadi bukti anané Alam liya sing ana sacedhaké Alam nyata iki.
Liding crita.
Kabèh crita ing ndhuwur mau minangka bukti yèn Gusti Allah uga nyiptakaké mahkluk liya sing urip sesandingan karo manungsa.
Sok kala mangsa uga bisa sesambungan karo kita kabèh.
Mengkono uga sipat lan perilakuné ana kang ala lan ana kang becik,..
Mula ayo bebarengan padha ngurmati alam aja nganti rusak lan dirusak sing wekasan dadi bencana alam.
mbok menawa ing kono uga dadi papan bebrayané mahkluk liya sing ora kasat mripat.
Alam uga mènèhi piguna marang manungsa kang bisa njaga lingkungan.